gogle

Jumat, 10 Maret 2017

MAKALAH BAHASA JAWA "WAYANG KULIT"

BAB I
PURWAKA

1.1 Lelandhasaning Masalah
                        Warisan budaya saka para leluhur menika akeh sing bisa di sinauni karopara kawula muda. budaya adiluhur punika uga bisa  menehi pambiyantu para muda sing ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. Salah sijine budaya luhur sing isih ana sampek saiki yaiku wayang. wayang iku pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, nang wayang jinis ngéné iki ora pati akeh ditemoni.

1.2 Undharaning Masalah
Ana 3 perkara sing diaturakeing makalah menika:
1.      apa kang di arani wayang kulit iku?
2.      Kapriye mula bukane pagelaran wayang kulit?
3.      Apa wae unsur kang ana ing pagelaran wayang

1.3 Paedah Paneliten
Paedah saka makalah iki yaiku:
  1. Kanggo Masyarakat                                                                           
    minangka papan sinau ngenani budaya wayang, lan bisa luwih mangerteni klira-klirune pangerten budaya wayang.
  2. Kanggo Panulis                                                                                              
    minangka papan informasi ngenani budaya Jawa sing bisa didadekake cekelan kanggo panaliti sabanjure sing ana gegayutane karo panaliten iki
    .





BAB II
ANDHARAN

2.1  Pangertosan  Wayang          
Wayang dumadi saka tembung wod “yang/yang” oleh ater-ater wa-, tegese rong seng iso gawe bejo lan celakane manungsa. Wayang yaiku wewayangan utawa gegambaran watak lan jiwane manungsa wayang mujudake titisan manugsa, wayang iku pagelaran kang gawe saka boneka sing umumme kanthon apik ing pewayangan dilakokake deneng dalang kanthi iringan gamelan. Boneka wayang iku bisa mujudake 2 dhimensi utawa 3 dhimensi. Seng wujud 2 dhimensi di gawe saka kulit (walulang), seng kerep di gawe kulit sapi/wedhus, dhene sing 3 dhimensi lumrah di gawe saka kayu. Nanging ing sawatara tlatah uga ana sing di gawe saka suket lan kardus. Wayang jenis suket lan kardus ing jaman saiki wis jarang ditemoni maneh bedho karo jaman mbiyen. Crito wayang sing dilakokake di jupuk saka crita Mahabarata lan Ramayana sing uga kasebut wayang purwa. Sajroning pagelaran wayang  di tancepake ing dhebog (wit gedhang) sing dilakoake dalang sedino sewengi wayang di gelar. 
2.2  Mula bukane Wayang       
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia. Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang.




2.3 Unsure wayang
Unsur-unsur pagelaran wayang ana 2 yaiku:
1.      Unsur Benda
Yaiku ubarampe kang arupa benda tertentu kang digunakake ing pagelaran wayang. Unsur kang di maksud yaiku:
a.       Wayang kulit
Wayang kulit jawa digawe saka kulit kewan. Umume di gawe saka kulit sapi nanging uga ana kang di gawe saka kulit wedhus
b.      Gamelan
Gamelan yaiku seperangkat alat musik perkusi lan petik sarta gesek sing ngiringi pagelaran wayang . macame gamelan ing antarane yaiku:
Ø  Gong





Gong yaiku salah sawijining alat musik kang digawe saka perunggu lan kalebu gamelan pencu. Gong dimainake dening di gepuk. Fungsine gong yaiku digawe pratandha akhire gatra lan uga kanggo pratandha diawali lan diakhiri gendhing.
Ø  Saron




Saron utawa kang kasebut uga ricik, yaiku gamelan kang kalebu keluarga balungan. Ing gamelan biasane nduweni 4 saron lan kabeh nduweni versi pelog lan slendro. Saron ngasilake nada siji oktaf luwih dhuwur saka demung. Tabuh saron biasane digawe saka kayu dening bentuk koyo palu.

Ø  Demung


 









Demung yaiku salah sawijining instrument gamelan kang kalebu keluarga balungan. Ing gamelan nduweni 2 demung. Demung ngasilake nada oktaf rendah ing keluarga balungan.tabuh demung digawe saka kayu dening bentuke koyo palu luwih gedhe lan luwih abot saka tabuh saron.
Ø  Kempul





Kempul bentuk e uga mirip gong nanging ukurane luwih cilik. Kempul fungsine minangka pratandha aksen-aksen kang penting ing kalimat lagu gendhing. Kempul dimainake dening nada kang  padha mirip nada balungan.
Ø  Kenong

 


Kenong yaiku salah sawijining alat musik kang nyusun gamelan jawa. Kenong biasane dimainake dening dithuthuk. Fungsine kenong yaiku minangka penentu bates-bates gatra, negesne irama. Kenong dithuthuk nggawe thuthuk kayu sing dibuntel kain. Jumlahe beda-beda nanging biasane 10 besik.
Ø  Slenthem

 



Slenthem yaiku salah sawijining instrument gamelan kang kalebu saka lembar logam tipis kang diuntai nggawe tali lang di rentangno ing ndhuwur tabung-tabung lan ngasilake dengungan rendah utawa gema sing diikuti nada saron, ricik, lan balungan yen ditabuh.
Ø  Bonang



Bonang yaiku gamelan jawa kang nduweni instrument melodi terkemuka ing dengung gamelan sunda. Bonang biasane diselehake  horizontal ing rancak. Bonang bisa digawe saka perunggu sing palsu , dilas lan dipalu wesi.

Ø  Gender




Gender yaiku alat musik thuthuk wesi kang dadi bagian saka perangkat gamelan jawa lan bali. Gender nduweni 10 sampek 14 bilah kuningan lan dikethuk karo thuthuk kayu sing nduwe bentuk bunder utawa kayu dibuntel kain.
Ø  Kendhang



Kendhang yaiku instrumen gamelan jawa tengah sing nduweni fungsi ngatur irama. Kendhang diunekake gawe tangan . jenise kendhang ana papat yaiku:
1.              Kendhang cilik kasebut ketipung
2.              Kendhang sendhengan kasebut ciblon
3.             Kendhang gedhe kasebut kendhang kalih.
Dimainake ing gendhing kang karaktere alus kayata ketawang, gendhing kethuk kalih lan landrang irama dadi.
4.              Kendhang kosek
 Kendhang kosek yaiku kendhang khas digawe wayangan       
c.       Kelir
Kelir yaiku layar lebar kang digunakake ing pagelaran wayang kulit
d.      Debog
Debog yaiku wit gedang kang digunakake kanggo nancepake wayang
e.       Blenceng
Blenceng yaiku lampu minyak kang khusus digunakake ing pagelaran wayang kulit
f.       Kotak wayang
Kotak wayang yaiku panggonan kanggo nyimpen wayang uga kanggo ‘keprak’ dalang liyane iku uga kanggo panggonan nyantolake ‘kepyak’. Ukurane yaiku 1,5 meter peng 2,5 meter.







2.      Unsur Manungsa
Yaiku wong kang duwe peran penting gawe kelancarane lan keberhasilan pagelaran wayang. Unsur kang di maksud ing antarane:
a.       Dalang
Dalang yaiku sutradara, pemain, artis sarta tokoh sentral ing pagelaran wayang. Tanpa dalang pagelaran wayang iku ora bakal ana.
b.      Penyimping
Penyimping yaiku wong kang bantu dalang nyiapake wayang kang jajar utawa disimping ing debog. Gawenane penyimping ora mung jajar wayang, ananging uga nyiapake keperluane dalang kayata nyiapake wayang kang digunakake manut urutane adegane, nempatake kotak wayang sarta keprak lan kepyak, nyiapake cempala, masang lan ngurupake blencong, lan sapitunggalane.
c.       Panjak
Panjak yaiku wong kang nduweni tugas mainake gamelan.
d.      Sinden
Sinden yaiku wong sing nyanyi ing pagelaran wayang




















BAB III
PANUTUP
3.1 Dudutan
wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: wayang Golek, wayang Thengkul Bojonegoro, wayang Krucil, wayang Purwa, wayang Beber, wayang Uwong, wayang Gedog, wayang Sasak, wayang Calonarang, wayang WahyWayang Menak, wayang Klitik, wayang Suluh, wayang Papak wayang Madya, wayang Parwa, wayang Sadat, wayang Kancil.

3.2 Saran
1. wayang iku budaya jawa asli dadi kudu di lestarikake lan aja di lalekne.
2. kita dadi kaum muda kudu iso jaga kebudayaan jawa , kayata budaya wayang.
3. kita dadi penerus bangsa kudu nunjukake budaya wayang ing tingkat internasional.












KAPUSTAKAN































Tidak ada komentar:

Posting Komentar